Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Widget HTML #1

Sepira Suwene Wong Indonesia ari Nggunakaken Internet? Hasile...behhh, Jempolan Lurr!

Ilustrasi gunakaken internet (sumber foto: pixabay)
Infomoga.com -- Indonesia dadi salah sijine negara sing tingkat ketagiane paling duwur. Faktane, riset paling anyar ngungkapaken wektu sing dientengna wong Indonesia nang internet nglewati rata-rata wektu sak dunya.

Miturut riset situs Hootsuite lan agensi marketing sosial We Are Social judule "Global Digital Report 2020" sing dirilis akhir Januari wingi, Indoonesia mlebu 10 negara sing paling suwe ngakses internet, kaya dikutip Kumparan, (21.02/2020).

Data riset kuwe mau nuduhaken yen Indonesia nempati urutan wolu nang daftar negara paling suwe ngentengna waktune nglayab nang internet. Posisi saiki mudun, ora kaya taun winginen. Taun wingi Indonesia nang peringkat lima.

Sesuwene 2019, singanggo internet nang Indonesia umur 16 anjog 64 taun rata-rata wektu go internetan 7 jam 59 menit per dina. Angka kuwe mau nglewati rata-rata sak dunya sing kur ngentengna wektu 6 jam 43 menit ngakses internet unggal dinane.



Posisi Indonesia mudun telung ambal seka taun wingi, sing wingi wektune 8 jam 36 menit per dinane ari pada nganggo internet, lewat hape apa komputer.

Taun saiki, Indonesia nangisore Meksiko, Argentina, Thailand, Kolombia, Brazil, Afrika Selatan, lan Filipina sing nempati posisi nomer siji negara sing paling suwe ari dolanan internet, 9 jam 45 menit.

Indonesia ketagian media sosial


Bab pegunan media sosial, Indonesia termasuk negara sing kayong mendem pisan. hasil laporan Hootsuite mau, Indonesia mlebu urutan lima negara sing paling akeh ngentengna wektu nang media sosial.

Ilustrasi media sosial (sumber foto: pixabay)

Rata-rata pegunane media sosial nang Indonesia anjog kosi 3 jam 26 menit nggal dina. Angka kuwe mau ngluwihi rata-rata sak dunya sing kur nyatet wektu 2 jam 24 menit nggal dina. Filipina dadi negara sing paling sering mbuka media sosial total wektune 3 jam 53 menit unggal dina.

Data unik lianne, rata-rata penduduk Indonesia nduweni sekitar 10 akun media sosial per wong, tapi pegunane ora mesti, kadang aktif kadang ora. Sementara kuwe, 65 persen pegunan media sosial nang Indonesia manfaataken platform kwe mau kanggo nyambed gawe.

Ana sing dodolan onlen, ana sing nawakna jasa, pirang-pirang lah, intine go geti duwit. Josslah pokoke wong Indonesia ya lurrr!

Post a Comment for "Sepira Suwene Wong Indonesia ari Nggunakaken Internet? Hasile...behhh, Jempolan Lurr!"